REL KERETA - Cerkak Basa Jawa





"Kenapa judule “Rel Kereta”?
Iya, merga pancen kaya ngunu kuwi ibarate.
Rel kereta tansah sisihan, tapi ora bisa ketemu ing ujunge. Tujuwane deweke beda."

----------------------------------------------------------------------------------------------------------------------------------

Ilustrasi rong rel kereta kang sisihan
 http://7-themes.com/6813875-train-track-wallpaper.html

Cah lanang iku banjur ilang saka tikungan dalan kae, ora tau katon cah lanang kuwi ngagem sarung lengkap karo baju koko putihe. Arek wedok kang wis ditemoni iku ndeprok kaku ing ngisore lampu pertelon dalan. Ora kuat nahan aliran tangis matane, merga keputusane arek lanang mau kang ngiris-ngiris atine cah wedok kuwi. Swasana bengi kang ademe nusuk sukma nabrak lengen lan betis sikile kang putih lan alus ora ketutup kain. Deweke terus ngelingi ucape arek lanang mau, nresepi maksute.
            “Sepurane dek, aku kudu ngomong saiki sakdurunge perasaan iki terus anggon ing atiku” Arek lanang iku mulai ngomong.
            “Lapo toh?”
            “Aku saiki sadar, yen awakdewe iki bedo dalan lan ora mungkin bisa bersatu. Aku wis ora tega nggarai sampeyan kesiksa karo tresno kang kudune ora wujud iki.” Lanjute.
            “Loh, aku rangerti, opo pangarepmu kuwi?” Deweke nambah bingung, ndredeg.
            “Mulai saiki, awakdewe kudu nglereni hubungan iki, aku nyoba berubah, aku pingin sampeyan aja ngganggu proses aku berubah iki”
            “Tapi napa tah biyen kowe ngarepi hubungan iki? Jawab!?” Matane landep ndeleng ing ngarepe arek lanang iku.
            “Sepurane, aku wes salah mikir keputusanku biyen, sepurane..” Arek lanang mau banjur kepandheng mudhun.
            “Terus mbok pikir sepuro wae bisa ngilangake rasa sing wis katandhur sedari biyen iki?”
            “Aku ya angel nglakoni ngene iki! Tapi tetep kudu daklakoni tekan setitik, sampeyan pisan”
            “Egois awakmu yo! Egois ancene!!” Arek wedok iku njerit nganti entek swarane.
            “Iya, aku egois. Tapi sampeyan pisan nduweni hak gawe nglakoni egois kaya aku, gawenen anggonmu egois iku. Sepurane, lan suwun gawe kabeh kang wis mbok lakoni gawe aku.”
            “Karepmu! aku wes wegah ngrungoake apa wae kang metu saka cangkemmu! Aku wes wegah ketemu kowe maneh!!!!” Arek wedok iku bener-bener njerit banter.
            Arek lanang iku mau ngaleh, sirna saka pandangan burem ketutup banyu mata. Cah wadon mau uga wes pasrah, ora bisa ngomong apa-apa. Motone kosong ndelengi lor-kidul.
            “Kena apa kudu aku? Kok kudu aku kang ngrasakake sesek iki. Sakmarine kenangan-kenangan manis ing ceritaku lan kowe!?” Jerit batine arek wedok kuwi. Deweke bola-bali ngatur ambegan kang nderu-deru bareng eluh mata terus ngucur, tetep ora bisa ditahan. Wis ora bisa mikir jernih, angger mesam rusuh merga atine wis ancur. “Apa sing kudu tak lakoni saiki?”.
            Asmane Lina, mahasiswi ing sawijining Universitas kang ana ing Malang, banjur arek lanang kang nglarani atine mau jenenge Munif. Cah loro mau nglakoni tresna asih lebih setahun pas akhir OSPEK. Lina ora sengaja ketemu Munif sakmarine kegiatan kuwi. Munif iku menurute Lina arek lanang kang modis lan menarik. Ora suwe, loro karone kenalan lan ijol-ijolan kontak.
            “Oke, Lin. Aku bali dhisik yo” ucape karo mesem ramah.
            “Eh iyo” Jawab Lina kang kepincut mesem manise Munif, ora sadar deweke uga mbales mesem.
            Dina ganti dina, awan ireng ngumpul dadi udan uga atine Lina kang mlebu ing njerone labirin tresno karo Munif. Diterusake mlaku malah ora bisa metu. Lina nurut dalan kang dituntun nuranine. Lina tansah pangarep-arep yen ing ujunge labirin iku bisa nimbulke saling mesem kang sinabur kembang. Lina lan Munif mulai chattingan mesra ing hpne. Ing sawijing chat iku mesthi ana kang nggarai Lina cekikikan dhewe. Ora iku wae, ing saben dinane Munif uga antar-jemput kuliah, maringi kejutan-kejutan, lan terus sabar saling ngenteni ibadahe dewe-dewe. Munif lan Lina ora wani saling pitakon, ora suwe fakta yen loro karone iku mau beda keyakinan ketemu. Tapi Lina ora mikirake iku mau, Munif uga oke-oke wae ora ngepermasalahake bab keyakinane. Penting bisa bahagia ngrasakake proses saling tresno kuwi lan uga mesthi ana dalan tengahe ing sawijining dina mengko, pikire Lina.
            “Libur semester iki, kowe arep nandi?” Takone Lina antusias.
            “Bapakku kepingin daftarake aku ngaji ilmu agama ing pesantren” Munif ngwangsuli datar.
            “Kowe gak apa-apa tah? Terus kowe gelem wae?” Lina mulai sumelang.
            “Iki kae karepe bapakku, aku ora bisa nolak” Tetep ngwangsuli datar angger matane kelayapan.
            Lina wis ora bisa takon apa-apa maneh, cupet atine kebayang yen deweke lan Munif ora bisa saling komunikasi ing sedawane liburan kang nganti rong wulan iku. Rambute awe-awe kabrung kena angin ing tengah godhong-godhong kang sinebar disembul angin. Swasana canggung iku terus mlaku mergo pitakon-pitakon kang kapendem ing atine Lina.
            Prediksi Lina pranyatane bener-bener kedaden, cah loro mau ora bisa komunikasi ing tengah liburan rong wulan. Atine perih, serasa digawe-gawe perasaane dewe. Munif kang tansah ana netep gawe atine Lina saikine ilang kaya ditelan bumi. Meski ngunu kuwi atine Lina tetep kuat gawe Munif, luwih milih kesasar ing barang kang ora pasten nggoleki dalan buntune labirin.
            Lina terus mlaku ing dalan kota pasek iki, tansah kepikiran kahanane Munif. Lampu-lampu pinggir dalan kang ngembani tugas mulya ngwenehi danuwaya marang sapa wae kang liwat. Matane banjur natap cah lanang lungguh ing sawijining panggon ing pertelon. Iku Munif, tapi katon beda merga nganggo sarung lan baju koko putih. Lina wis ora ngerti apa iku, lan mulai kebayang cerita-cerita manis kang arep terus diukir bareng arek iku maneh.
            Lina mlaku alon-alon lan terus takon marang Munif. Ananging ora suwe angen-angen iku kabeh lenyap kaya asep ksesembul angin banter. Ujare Munif tenane ngiris saben relung atine. Perasaane Lina kaya pengen mlayu emboh ing endi metu saka labirin tresna kang nglarani atine.
            Lina sadar, yen deweke lan Munif pancen beda. Kayata rel kereta kang tansah sisihan, tapi ora bisa ketemu ing ujunge. Lina pasrah karo keputusane arek lanang kuwi, tapi Lina tetep yakin, yen rel kereta uga ana ujunge kang bisa marahi mandhege kereta, bisa saling kepandeng mengkone.


Kaserat dening :
Bagus Eka Saputra
XII TKJ 1
-------------------------------------------------------------------------------------------------------------------------------------- -------------------------------------------------------------


Komentar